SOAL PAS Kelas 7 Bahasa Jawa Semester Genap

Soal Ulangan - sahabat soal ulangan berikut kami sajikan contoh SOAL PAS Kelas 7 Bahasa Jawa Semester Genap
Wenehana tanda ping ( x ) ing hurup a, b, c, utawa d sangarepe wangsulan kang bener!
Karangan kang isine menehi gambaran kahanan samubarang opo wae diarani karangan . . . . 
narasi c.   eksposisi
deskripsi d.   persuasi
Karangan kang isine nyritakake samubarang kanthi runtut manut urutan wektu diarani karangan . . . .
narasi c.   eksposisi
deskripsi d.   persuasi
Candhi Borobudur mujudake candhi budha sing mapan ing Borobudur, Magelang, Jawa Tengah, Indonesia.Papane candhi dumunung watara 100 km ing kidul kulone semarang, 86 km ing sisih kulone surakarta, lan 40 km ing lor kulone Yogyakarta.
Candhi kang awujud stupa iki didegake dening pengrasuk agama Budha Mahayana kira-kira taun 800-an Masehi ing jaman paprentahan wangsa syailendra. Borobudur kuwi candhi utawa kuwil Budha kang gedhe dhewe sadonya lan minangka salah sawijining monument Budha kang paling gedhe sadonya.

1. Candhi Borobudur iku mapan ing kabupaten . . . .
a. Magelang c.   Temanggung
b. Sleman d.   Purworejo
2. Papane candhi Borobudur iku menawa saka semarang ing arah . . . .
a. Ler Kilen c.   Kidul wetan
b. Kidul Kilen d.   Sakidule
3. Candhi Borobudur menika 86 km ing sisih . . . . saking kutha Surakarta.
a. Wetan c.   kilen
b. Kidul d.   Ler
4. Reca kang mapan ing stupa Candhi Borobudur iku reca . . . .
a. Bima c.   Dewa
b. Werkudara d.   Budha
Candhi Borobudur dumadi saka enem tataran kang awujud pesagi sing ing dhuwure ana telung tataran mubeng. Ing temboke rinenga 2.672 panel relief lan sabenere ana reca budha cacahe 504 iji.
Borobudur nduweni relief budha kang paling komplit lan paling akeh sadonya. Stupa baku mapan ing tengah ngiras pantes minangka mustakane wewangunan iki, dikupengi dening telung barisan stupa kang ana bolongane.Cacahe stupa sing ngubengi yaiku 72. Stupa baku ing jerone ana reca Budha lagi lenggah sila ing sandhuwure trate.
5. Panel relief ing candhi Borobudur menika cacahipun . . . . 
a. Kalih ewu nem atus pitung dasa kalih
b. Kalih ewu nem atus pitung puluh kalih
c. rong ewu nem atus pitung puluh loro
d. rong ewu nem atus pitung dasa loro
6. Tataran ing candhi Borobudur iku bentuke . . . .
a. wajik c.   Pesagi
b. Bunder d.   lonjong
7. Ing salebeting stupa baku wonten racanipun . . . .
a. Bima c.   Punta
b. Budha d.   Kresna
8. Serat wulangreh iku anggitane . . . .
a. Susuhunan Pakubuwono III
b. Susuhunan Pakubuwono IV
c. Susuhunan Pakubuwono V
d. Susuhunan Pakubuwono VI
9. Tembang iku kaperang dadi . . . .
a. siji c.   telu
b. loro d.   papat
10. Tembang macapat iku kalebu tembang . . .  .
a. Gedhe c.   alit
b. tengahan d.   dolanan
11. Cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra diarani . . . .
a. Tembang c.   Guru gatra
b. Guru lagu d.   guru wilangan

Carita nggoningsun nular,
Wong tuwo kang momong dhingin,
Akeh kang sugih carita,
Sun rungokken rina wengi,
Samengko maksih eling,
Sawise diwasaningsun,
Bapak kanga paring wulang, 
Miwah ibu mituturi,
Tata-krama ing pratingkah kang raharja,

12. Miturut serat ing dhuwur, pituture wong tuwo nganti dewasa isih kelingan amarga . . . 
a. Sinau kanthi temenan
b. Pitutur dirungokake awan bengi
c. Bapak sing mulang
d. Ibu sing mituturi
13. Miturut serat ing dhuwur, Sing diwulang bapak lan dituturake ibu yaiku . . . .
a. ilmu sing daktularake
b. Crita kang maneka warna
c. Pitutur sing apik
d. Tatanan ing solah bawa
Kidang Kencana
Nalika Rama, Sinta lan Lesmana ngumbara, tindakipun dumugi ing tengahing wana. Boten antawis dangu kekiteran satunggaling kidang kencana. Pirsa kidang kencana, Dewi Sinta nyuwun dipuncepengaken dening ingkang garwa. Sang Rama tumuli amujung kidang kencana. Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencanahaleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dhateng kidang, tumancep warayang mring hanganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling. Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana. 

14. Tekan tengah alas, alase aton peteng ndhedhet lelimengan. Peteng ndhedhet lelimengan tegese . . . .
a. Remeng-remeng c.   Rada padhang
b. Peteng ndhedhet d.   repet-repet
15. Raja ing negari Ayodya inggih menika . . . .
a. Prabu Dasarata c.   Prabu Janaka
b. Prabu Arjuna d.   Prabu Manthili
16. Ingkang dipunpengini Dewi Sinta, inggih menika . . . .
a. Woh-wohan seger c.   Segering toya
b. Endahing warna d.   kidang kencana
17. Tembung kekiter ing ukara “ing sacelaking papanipun Dewi Sinta, Rama lan Lesmana wonten kidang ingkang kekiter” tegesipun . . . .
a. Umpetan c.   Mlajar
b. Wira-wiri d.   Pejah
18. Swanten ingkang nyarengi gumlundhunging kidang menika swantenipun Kalamarica ingkang ngemba wantenipun . . . .
a. Laksmana c.   Raden Rama
b. Dewi Sinta d.   Prabu Dasamuka

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Tembang macapat iku kaperang dadi pira? Sebutna! 
2. Sebutna unsure intrisik crita ! (5 wae)
a. Apa kang diarani:
Guru  gatra
Guru lagu
1. Sebutna tokoh kang ana ing crita kidang kencana! (5 wae)
2. Candhi Borobudur iku wiwit diakoni jagad sakbubare ditemokake sapa?

0 Response to "SOAL PAS Kelas 7 Bahasa Jawa Semester Genap"

Post a Comment

sumonggo tinggalkan salam